Puji pujian bakda adzan

Berukut ini beberapa puji-pujian ba'da adzan.



1.Puji-pujian Rukun Iman
(Ba'da Adzan Subuh)


(سُبْحَانَ ا للَّهِ      وَالْحَمْدُ لِلَّهِ.... (الله..

 وَلاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ        هُوَا للَّهُ  أَكْبَرْ ..

 لاَ حَوْلَ  وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ ..بِا للَّهِ   الْعَلِيِّ  الْعَظِيمْ.

آمَنْتُ بِا للَّهِ وَمَلاَئِكَتِهِ  وَكُتُبِهِ(يااللّه)  وَرُسُلِهِ  ..، وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَبِالْقَدَرِ خَيْرِهِ  ..  وَشَرِّهِ مِنَ ا للَّهِ تَعَالَى..

عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ   فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ

لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ ٣# مُحَمَّد رَسُوْلُ الله




2.Puji-pujian Syiir Tanpo Waton


يَا رَسُوْلَ اللَّهْ -   سَلاَمٌ  عَلَيكْ 
Ya rofii'asysyaani waddaroji
'Athfata yaa jiirotal'alami
Ya uhailaljuudi walkaromi


Ngawiti ingsun nglarah syi'iran
Kelawan muji marang Pengeran
Kang paring rahmat lan kenikmatan
Rino wengi tanpo pitungan
Duh poro konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syari'at bloko
Gur pinter dongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro
Akeh kang apal Qur'an Haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dhewe gak digatekke
Yen iseh kotor ati akale
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto
Ayo sedulur jo ngelalek ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine
Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo hakeqot manjing rasane
Al Qur'an Qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangane guru waskito
Den tancepake ing njero dodo
Gumantil ati lan pikiran
Rasuking padang kabeh jerohan
Mukjizat rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman
Kelawan Allah kang Maha Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe anyem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir sangking Pengeran
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo ngesiyo
Iku sunnahe rasul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito
Ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
ananging mulyo maqom drajate
Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah suwargo manggone
Utuh mayite ugo ulese



3.Puji-pujian ati-ati urip ning alam dunyo
(Isya)
اَللّهُـمَّ صَلِّ.. صَلِّ وَسَلِّمْ  عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً  بِدَوَامِ مُلْكِ ا للَّهِ..
Sopo wonge wani ninggalake solat
Titenono yen siro lagi sekarat
Lara banget nganti ora biso sambat
Ditekani pirang – pirang malaikat
Sa' wuse mati di.. kubur ditinggal lungo
Ditekani malaikat ingkang loro
Malaikat teko nggowo alat sikso
Mulo ngati – ati urip ning alam ndunyo


4.Puji-pujian Laa Khaula
(maghrib)
لاَ حَوْلَ  وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ..
لاَ حَوْلَ  وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ..
إِلاَّ بِا للَّهِ   الْعَلِيِّ  الْعَظِيمْ....، إِلاَّ بِا للَّهِ   الْعَلِيِّ  الْعَظِيمْ
Mboten wonten doyo lan mboten kiyat
Mboten wonten doyo lan mboten kiyat
Kejawi angsal pitu..lunge ..Alloh
Kejawi angsal pitu..lunge ..Alloh
Sifate Alloh kang moho luhur
Sifate Alloh kang moho luhur
Sifate Alloh kang moho Agung
Sifate Alloh kang moho Agung




5.Puji-pujian lahir Nabi
(magrib)
اَللّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ ، يَارَبِّ  صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ


Gusti kanjeng nabi, lahire ono ing mekkah..,
dinten isnen tanggal rolas tahun gajah..,
ingkang ibu asmane siti aminah ..,
ingkang romo asmane sayyid Ngabdulloh.